Tes PLN iku Paling Larang
Sakdurunge sepurane cak lek nggawe boso jowo suale iki postingan njagani lek misale moro diwoco bos ku wong korea, ngertine boso indonesia de’e ra ngerti boso jowo hehehe..
Gara2 melu tes PLN sing dipekso karo ebesku (mbiyen arep budhal nang Kalsel sempet tukaran sek karo ebes, aq ra oleh budhal, gara2 PLN tes’e nanggung kurang tithik). Lha suale PLN suwi pengumumane yo aq akhire budhal nang kalsel lah.. Bah no ebesku.. 
Lha kok tibake lolos se PLN sing tahap semifinal’e, lha yo mbiyen wes kadung njanjeni ebesku lek lolos aq mulih gw nerusno tes’e PLN, yo akhire mulih menyang jowo. Bayaran pertama wes kalong akeh gw mulih numpak pesawat larang eram. Untung’e sek sempet ketemu konco2 sing modele edan2 padahal aseline pinter2 dan bertalenta (mbok!..).
Sak mari iku mulih maneh menyang kalsel, ditotal2, tibake akeh entek’e
. Eala let seminggu lha kok moro pengumumane metu, tes kesehatan seminggu maneh se!. Biyuh! pas iku lagi muteri Kalteng seminggu sisan!, Bingung durung tuku tiket sisan!, kartu ATM ilang sisan!. Soro cak!..
Nah untunge iso mikir jernih, njaluk tulung kanca nang Banjar gw tuku tiket (lha untunge wis bayaran maneh
, tapi kartu ATM durung diurus sampek saiki
).. Eyalah akhire werr, mumbul nang jowo maneh, tes kesehatan (sing iki ra tak ceritakno lah, serem!). Werr, mumbul maneh nang Kalimantan.. Ndelok dompet, tipis maneh…
.
Yo konco2 dungakno ae lah usaha peno iki iso sukses (kok dadi Kartolo ngene?), tes sing ngentekno duwit sing kudune iso gawe tuku hape K850i iki mbok ya’o menghasilkan kesuksesan.. Amin..
nb: aq ijin’e nipu ra ngomong lek melu tes, bahaya lek ketemon cak! hehe..
